1 Sestu adi wah gung yekti sih rahmat sing Gusti nylametken kula tyang dosa dyan tentrem raharja 2 Nggih sih rahmat kang sung begja mring tyang kang pracaya, sing pejah wit rehing dosa mangkya gesang nyata. 3 Sih rahmat niku sung padhang mring manah kang lesah, nuntun tyang mursal wah nglambrang setya bekti Allah. 4 Nadyan kathah pepalangnya nyanggi salib ugi, nging sih rahmat nuntun kula tulus tresna Gusti. 5 Yen sampurnaning sih rahmat binabar sanyata, kula manunggal tan pegat lan Gusti ing swarga.
|
|