1 Biyen nglirwakake sabdaning Gusti mung karepe dhewe kang dituruti samangkya mratobat nampi sih rahmat migatosken tansah karsaning Allah mring Yesus Pamarta pasrah jiwa raga sinung gesang yekti unggul sing pati. 2 Biyen nggunggung dhiri mburu kadonyan, tan nggape mring Gusti nyingkur kaswargan, mangkya anoraga ngendelken Gusti, mempeng nggayuh swarga mbabar sih yekti, 3 Biyen urip mblunthah mursal ing lampah, nguja hawa raga manut ing dosa, mangkya mesu budi ing lampah suci, martosken Injilnya maring pepadha,
|
|