1 Dhuh Gusti Pepadhang yekti mugi nuntun kula ngambaha margi utami nggih bebener nyata. 2 Dhuh Gusti nggih Sang Pamarta mugi nunggil kula, ing sangsara lan bebaya tan semplah ing driya. 3 Dhuh Gusti nggih Sang Roh Suci mugi nganthi kula, tansah gesang mursid yekti teguh ing pracaya. 4 Dhuh Gusti yeku Sang Sabda mugi nglanting kula, sesanggening tyang pracaya tansah katindakna. 5 Dhuh Gusti Sang Pangen nyata mugi ngreksa kula, nadyan rinoban bilai manggiha basuki.
|
|