1 Puji mring Allah Pangeran kang Maha wisesa muji ramya binarung lan sawernining gangsa pangidungnya klayan bingah ing manah nggunggung Gustining pratitah. 2 Puji mring Allah kang sestu adil pangrehira, ngreksa lan ngrimati srana lubering berkahnya, nging saklangkung gung sihnya mring tyang dosa, tinebus temah waluya. 3 Puji mring Allah kang sung tentrem raharja nyata, tansah ngganjar begja mring tyang kang sestu pracaya, andel-andel wah pepadhang satuhu, pujinen lan trusing kalbu.
|
|