1 Ing margi kang rumpil sarta sepi giris nglimputi mring kula lungkrah raga wah semplah ing driya lir tyang kang tinegakken Sang Rama mlampah pyambak datan dumugi Gusti mugi nglantinga mrih gesang maedahi sesami wah kamulyaning asma Paduka. 2 Kawula kesandhung sarta dhawah karana lungkrah sulayah, kang kula ungseni namung Gusti wit sihnya kula manggih basuki, 3 Yen kula tinempuh ing prahara ajrih kuwatos ing driya, mung Gusti kang kula antya-antya sabdanya ngiyatken, gesang kula,
|
|