1 Allah yeku Pangen satuhu kang ngreksa tansah uripmu Pracayaa sarta mituhu wah bekti kang trusing kalbu yen bebaya nempuh sira ywa semplah alit ing driya. 2 Gusti nganthi mring sira tansah tan kendhat ngluberken berkah yen sira rinoban bebaya wah mikul salib sangsara pitulungnya datan kendhat mula ngayoma dikebat. 3 Sang Roh Suci nunggil mring sira nyantosakken ing pracaya mrih menang nglawan mring panggodha waspada juliging dosa manuta ing sapangrehnya temah dugeng kraton swarga.
|
|