1 Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta Pepadhanging jagad nyata Putreng Allah Makwasa nggih jatining kayektosan wah malih kauripan margining tyang dugeng swargi Imam agung sejati Sang Pangen, Panebus jalma Pantaraning manungsa. 2 Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta yeku Sang Kristus Masuci Gustining sagung Gusti, ratuning salir pra ratu nggih Sang Guru satuhu, sabdeng Allah kang manjalma dadya putreng manungsa, nggih ugi cempening Allah Abdining Sang Yehuwah. 3 Aku mesthi nyaritakna bab Yesus Sang Pamarta, panutaning tyang pracaya nggih Ratu Adil nyata, Sang Alpha lan Sang Omega Pangreh jagad lan swarga, sesirahing pasamuwan sarta sumbering gesang, Hakim ing dinten wekasan kang datan mawang mring tyang.
|
|