1 Mara den etunga berkahing Allah Rama atinira mesthi kaeraman gungnya tanpa wilangan mula ja kuatir sumelang nging sumendhea Pangeran Kumandela pracayaa upadinen Kratoning Allah atimu ayem kabegjan tumrah kang murbeng rat muwuhi berkah ing sih rahmat. 2 Mara waspadakna mukjijad sing Sang Rama dalah prakara kang mung prasaja margining pangrimatnya, maringken bagas kasarasan lan kacekapaning gesang, 3 Mara den gatekna pangrehing Gustinira, denya ngrimati pra makluk wrata ing rehing alam raya, uripira langkung pangaji lan sagung pra makluk sami,
|
|