1 Gusti Yesus Pamarta dados Pangungsen kula kula dipun luwari sing pamengkuning pati srana rahing Sang Kristus gesang kula tinebus. 2 Gusti Yesus Pamarta kang nunggil gesang kula, kula tansah kinanthi ngantos dumugeng janji, mila kula tan wedi martosken sihing Gusti. 3 Gusti Yesus Pamarta dados pangungsen kula, yen ketaman bilai kula nenga mring Gusti, nyadhong pangluwar yekti temah tentrem ing ati.
|
|