1 Aku tan nate mangerti kapan begja cilaka mung tansah pasrah mring Gusti yeku Pamarta setya manteb pracaya ing ati manut reh lan sabdaNya tinuntun dumugeng swargi ing kasampurnan nyata. 2 Aku asring tan mangerti karseng Allah Makwasa, donga panyuwuning ati tan kajurungan nulya, nging yektine Gusti nganthi astanya tansah ngreksa, wit panuntuning Roh Suci kasoran rehing dosa. 3 Nasibku ing rehing Gusti tan ana pangreh liya, kasarasan lan rejeki imbuhing sih nugraha, rancangan tinata tliti pratandhaning pracaya, aku tan kwatir tan wedi mung begja kang pinanggya.
|
|