1 Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru basuki wit sih tresnanya mring sagung manungsa ngantos ngurbanken sriranira mila tyang kang pracaya sinungan gesang nyata wah tentrem raharja. 2 Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki, sabdanya yekti kebak ing pangwasa nggih sabdaning Allah pribadya tyang kang manut lan setya ing gesangira mung kabegjan kang pinanggya. 3 Mung Sang Kristus Yesus Gusti Juru Basuki, panunggil lan panuntuning pangrehnya sestu sung santosaning driya tyang pracaya sumarah sinung ayem ing manah wah tan nate semplah.
|
|