1 Mugi Gusti karsa angutus utusan kados duk kinanipun ingkang ngemban sabdaning Allah lan martosken sih piwelasipun supados tyang salumahing bumi sami nampia Injiling Gusti. 2 Mugi Gusti ngutus pra abdi sembada lan setya sami nyebar, pawartosing kawilujengan mring salumahing bumi gumelar, supados tyang sami pitadosa, temah ngraosken tentrem raharja. 3 Mugi Gusti madhangi manah kang peteng wit pamengkuning dosa, temahan pra tiyang kang wangkot lan kang kawengku ing gugon tuhon, mratobata pitados mring Gusti klayan bingah asmane pinuji.
|
|