1 Neng are wah neng gunung, mung neng ngarseng Allah aneng ngendi dumunung nggih pinanggya tansah endi kang dadi cipta lan osiking ati . kapirsanan sadaya ing Allah Hyang Widi. 2 Mung Gusti kang Makwasa mengku samubarang, salir tyang kang pracaya mesthi tinulungan, manuk ing awang-awang Allah kang ngingoni, suket lan thethukulan wrata den paesi. 3 Bumi dalasan swarga winengku Pangeran, jasad gedhe cilika Allah tan klimengan, sawernaning pra titah sajagad warata, namung nelakken tansah piwlas lan kwasanya. 4 Wong pracaya den ayem tansah kumandela, neng padhang lan neng peteng Allah tansah ngreksa, yen kabotan momotan siningkang ing kadang, Gustimu nunggil tansah dipanggah ywa semplah.
|
|