1 Gesang kebak kekeran angel den jajagi dhateng ing kasangsaran nggih silih gumanti namung Paduka Gusti mirsa samukawisnya kula pasrah sumarah ing reh Paduka. 2 Gesang kebak kekeran angel den jajagi reribed kasisahan silih andhatengi aneng astane Gusti kula tan semplah ati kula pasrah sumarah ing rehing Allah. 3 Gesang kebak kekeran angel den jajagi panggodha wah pacoban mung ngrerujit ati wit pitulunge Allah kula manteb pracaya kula pasrah sumarah ing rehing Allah.
|
|