1 Saliring tyang adigang mung nyebar panandhang wateknya kamitegan nindhes mring sanes tyang pituwasnya bebendu bramantyaning Gusti nging tyang tresna satuhu gesang yekti (2X). 2 Salir tyang adigung mung nandur sangsara remen umuk gumunggung ngina mring pepadha mesthi ngundhuh antaka wit adiling Allah nging tyang kang andhap asor sinung berkah (2X). 3 Salir tyang adiguna mung ndhedher cilaka nganggep Allah tan ana sabdanya mung nglaha nggih panen karisakan dukaning Pangeran nging tyang ajrih sih Allah kinasihan (2X). 4 Tyang kang ngendelken dhiri mung ngingah bilai ngangah-angah kadonyan gesangnya lir kewan pikolehnya mung pati wah gesang ing peteng tyang ngandel Kristus Gusti rarja langgeng (2X).
|
|