1 Samangkya kita merdika uwal sing rehing dosa ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami mung kraharjan lan kabegjan kang tansah ngiring gesang tinebus Sang Kristus Gusti kula sinung basuki. 2 Mangkya kita titah anyar nyingkur kadonyan tansah budi luhur, andhap asor leladi trus ing manah, 3 Mangkya kita putreng Allah tansah nglantarken berkah mbelani tyang kang sangsara ngrimat tyang kang cilaka, 4 Mangkya kita Umat Kristen kang tansah ndherek Gusti Injil suci winartosken srana katresnan yekti,
|
|