1 Allah kang dados padhang nuntun dhateng kraharjan, astanya sestu santosa ngreksa tyang kang pracaya, pepadhanging Allah nganthi ngirid ing ngajeng lan wuri, ngantos dumugeng swargi. 2 Allah kang dados pepadhang nuntun klayan kaloman sabdanya kebak pangwasa sung pangayoman nyata sestu pepakening Allah nyegerken manah kang lesah wah ngiyatken ing lampah. 3 Allah kang dados pepadhang nuntun ing margi yekti. mring margining kasampurnan gayuhaning pra suci kula badhe salaminya ndherek Gusti kanthi setya wit mesthi dugeng swarga. 4 Allah kang dados pepadhang madhangi manah kula salaminya kula gesang tansah pasrah pracaya kula tan ajrih bebaya karubedan wah sangsara wit Gusti nganthi kula.
|
|