1 Tyas kita sestu raharja sinung kabegjan nyata dene Allah Kang Ma’kwasa nganggep putra mring kita mara tansah bungah-bungah wit tinunggil lan Allah sarta ngambah dalaning pepadhang kang dugeng kasampurnan. 2 Hyang Maagung ngreksa kita nguwalken sing bebaya sihnya sung lipur ing driya nyantosakken pracaya 3 Yen kita nyingkur Pangeran neng ati was sumelang nging yen sumuyud mring Allah tinuwukken ing berkah 4 Yogya kita mursid yekti ajrih asih mring Gusti Roh Suci mbelani kita nglawan pangrehing dosa
|
|