1 Kabegjan kang sejati tinunggil Gusti yen panggodha ndhatengi gya den tulungi mrih manteb pracaya wah tetep waluya malah ngesorken dosa yekti mursidnya. 2 Kabegjan kang satuhu rineksa Gusti yen panandhang ngreridhu gya den luwari mrih kraharjan nyata sinandhang slaminya mila tansah sung puja wit sih piwlasnya. 3 Kabegjan kang sanyata jinangkung Allah yen rinoban sengsara gya den entasna mrih ayem ing manah sarta tentrem tansah memuji datan kendhat nggunggung sih rahmat.
|
|