1 Nitenana sihing Gusti kang mbanyu mili ywa manut bujuking iblis wohe mung pati dipanggah kanthi sumarah mring Gusti tansah kasorna dosa wit mursid tegen ndedonga. 2 Nadyan den iming-imingi bandha sadonya milaur setya mring Gusti sinungan begja 3 Iblis naweni kasekten pinunjul sekti nging ing rehing Sang Roh Suci kalis sing pati 4 Iblis nggendeng nilar Allah wit tanpa guna milaur manteb pracaya gesang raharja
|
|