1 Gusti Yesus Pangen kula, kula menda kagungannya dennya nebus klayan rahnya mrih kula gesang slaminya. 2 Sang Kristus Pangen utama kang sampun ngetohken nyawa, nebus kula saking dosa wah nuntun kula mring swarga. 3 Gusti ngayomi mendanya inguwalken sing rubeda, mrih tan tiwas ing panandhang nging tansah manggih kabegjan. 4 Gusti ngempalken mendanya kadadosaken sapantha, kinen gesang atut rukun mbangun turut Pangenipun 5 Gusti ngreksa pra mendanya klayan astanya kang rosa, lamun wonten kang ketriwal den luru mrih datan ical.
|
|