1 Lah ingsun Yehuwah Allahira kang nyepengi tangan-tanganira sestu Allah dados karosan kula mila kula tresna mring Paduka. 2 Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang nyembadani panyuwunira mangka dhawuhingsun: "lah kumandela, Ingsun datan negakake sira" 3 Lah Ingsun Yehuwah Allahira kang datan males durakanira mula dhawuhingsun: "lah umareka, Ingsun kagungan sih palimirma 4 He, pra kesayahen, kamomotan padha mareka neng ngarsaningsun Ingsun bakal paring tentrem lan ayem ing nyawanira tekeng ndelahan
|
|