1 Pasrah sumarah mring Gusti Pangayoman kang sejati uripmu tansah rinimat wit Gusti gunging sih rahmat waspadakna makluk wrata karoban ing sih lan piwlasnya wah saliring butuhira pinaringan ing sacukupnya. 2 Pasrah sumarah mring Gusti mrih ayem tentrem ing ati, bungah susah sugih mlarat memuji Gusti tan kendhat, udinen kratoning swarga wah sagunging kasampurnannya, temahan sira nyipati panganthi panunggiling Gusti. 3 Pasrah sumarah mring Gusti Parang Pangungsen sayekti, lamun tinempuh prahara Gusti nyantosakken sira, waspadakna mukjijadnya ing prakara gung wah prasaja, kang wedi asih lan setya winuwuhan berkah sing swarga.
|
|