1 Lamun kula kesayahen, kamomotan ing ati Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem mring Gusti. Kula marek dhuh Pamarta nyuwun ayem ing driya Nyuwun ayem dhuh Pamarta Gusti kang nebus kula. 2 Gusti sareh galihipun mugi mulang mring kula kula manut pangrehipun ingkang entheng sakeca 3 Mugi ngirid lampah kula dhuh Pamarta kang setya manggiha tentrem raharja tinuntuna mring swarga.
|
|