1 Gusti dinten mangkya mugi andalemi ing batos kawula miwah paring Roh Suci mugi paring padhang anyunari margi kawula wah kula kawulang nanggulangi panggodha. 2 Gusti dinten mangkya mugi andalemi ing batos kawula miwah paring Roh Suci kula tinuntuna napak tilas tindak Paduka dyan kula tan nguja karseng manah priyangga. 3 Gusti dinten mangkya mugi andalemi ing batos kawula miwah paring Roh Suci Gusti mugi dhawuh napa ingkang kula lampahi kula mituruta ndherek prentahing Gusti.
|
|