1 Adhuh Gusti kula sestu ngorong berkah Paduka yeku kang ngayemken kalbu mugi mberkahi kula nggih kula, nggih kula mugi mberkahi kula 2 Mugi sampun anglangkungi dhateng kula dhuh Rama mrih kula luwar sing pati mugi mlasi mring kula nggih kula, nggih kula mugi mlasi mring kula. 3 Sampun anglangkungi kula dhuh Pamarta kang setya mrih kula unggul sing dosa mugi nimbali kula nggih kula, nggih kula, mugi nimbali kula. 4 Dhuh Roh Suci, mugi sampun anglangkungi mring kula mrih gesang anyar lestantun mugi madhangi kula nggih kula, nggih kula, mugi madhangi kula. 5 Dhuh Pangen, sampun alangkung ngengetana mring kula mrih kula tansah raharja mugi mberkahi kula nggih, kula, nggih kula, mugi mberkahi kula.
|
|