1 Dhuh Rama lamun kawula darbe atur panyuwun, mugi kula nggih sageda nrimah saparingipun, lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula, mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna. 2 Sagung peparinging Allah saestu munpangati mugi kula saged nrimah ing sapangrehing Gusti saha pitados sayekti mring panuntun Paduka mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna 3 Mung katresnaning Pangeran dados tuking panglipur sagung susah karibedan Paduka kwasa nglebur lir pandonganipun Gusti ywa pikajeng kawula mung karseng Rama pribadya kang tansah binabarna
|
|