1 Karsa Paduka priyangga mugi tansah kelampahan pra kang sabar myang pracaya temtu tampi pitulungan paukuman kula trimah lir penget lan pitedah ingkang tangguh ing pangantya tan koncatan sih Paduka. 2 Gusti tuking pitulungan panglipur lan pangayoman sagung pitedah Paduka tan badhe kawula lawan sihing Gusti lir samodra luber ngerobi kula wah nyata sabda Paduka isi sih sarta kadarman. 3 Kawula nyuwun dhuh Gusti lamun manggih kasusahan panggodha miwah panyobi kawula sageda tahan tan kuwatos wah sumelang sih Paduka cumadhang temah unggul kula yektos karana saking pitados.
|
|