1 Gusti pangayoman nyata nuntun lampah kawula panggodha tansah nempuha kula unggul sing dosa wit kinanthi dening Gusti siyang dalasan ratri ku la sinung basuki. 2 Gusti Pangen kang sejati ngrimati kula tansah mila ayem tentrem yekti wit peparingnya tumrah astanira nglanting kula nadyan rumpil marginya kula sinungan begja. 3 Gusti pepadhang sanyata tansah nglipur kawula awrata panandhang kula datan semplah ing driya berkahira ngreksa kula ngantos ing salaminya kula sinung raharja.
|
|