1 Saiba dennya mbingahken yen ing sajagad wrata kaadilan kang sanyata sayekti binabarna srana sih katresnan tulus, lah jagad dados Pirdus sagung tumitah raharja rinoban sih rahmatnya. 2 Saiba denya nengsemken yen manungsa sabumi, marsudi tentrem rahajeng numrahken sihing Gusti, 3 Saiba dhahat endahnya pra titah tetunggilan, datan wonten cecongkrahan rumaket trusing driya, 4 Mila kula datan wigih gya gumregut makarya, tumandang sepi ing pamrih mrih rahayuning jalma,
|
|