1 Pra abdining Gusti dipun prayitna ing perang rohani ywa kongsi lena ngrasuka kayekten wah kaadilan nadyan tanggelannya mung kasangsaran Yekti iblis culika lan julig maeka ditegen ndendonga Gusti kang ngreksa. 2 Pra putraning Allah padha den panggah, setya dados seksi Injiling Allah, nyanggemi dhawuhnya kang trus ing ati, manteb ing pracaya dumugeng janji. 3 Pra wong kang pracaya ditunggal sedya, nyirik pasulayan mbangun katresnan, sangkul-sinangkula bot repotira, mrih rohing piala sirep dayanya.
|
|