1 Bumi dalah saisinya kang nitahken yeku Gusti tinalesan srana samodra tumumpang ing kali kali yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji. 2 Kang kepareng ngabyantara aneng pedaleman suci, kang resik tangan wah manahnya, tan nate dosa ing lathi, yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji. 3 Berkahing Pangeran tumrah mring tyang ajrih asih yekti, gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti, tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina lan wengi. 4 Gapuraning Padaleman kangkata mrih omber sestu, krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu, yeku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa Allahmu.
|
|