1 Gusti mami, kula sami Nyaosken lare alit Mugi Gusti amaringi Pratandhaning sih Tuwan 2 Gusti seda krana kula Nggih krana anak kula Sagung dosa ingaksama Sami pinundhut putra 3 Baptis suci mratandhani Sih Tuwan kang pinunjul Allah Rama, Allah Putra Roh Suci Allah mami 4 Mugi Gusti mitulungi Bapa biyunging lare Kasagedna mulang yoga Ngabekti mring Gustinya 5 Mugi Gusti anjurungi Nggen kula ndongakaken Anak amba tinampia Mlebet pasam’wan Tuwan 6 Kula sami anyaosi Gung panuwun mring Tuwan De prasetyan lan sih Tuwan Tetep turun tumurun
|
|