1 Dhuh Allah saben kula mriki Mugi ambektaa manah Ingkang temen saha kang sae Punapa malih kang lembah Supados pangandika Tuwan Kula sageda nyimpeni Kang sarta dipun estokaken Tinulungan ing Roh Suci 2 Dene nggen kula anenuwun Wonten ing greja punika Utawi yen nyaosi sukur Mugi-mugi katrimaha Dhuh Gusti, Sampeyan piyambak Wonten tengah kula ngriki Anedhaki ing manah kula Kang sarta dipun santuni
|
|