1 Kula sami kekempalan Memuji dhateng Paduka Dhuh Allah ingkang Sinuwun Ing salami-laminipun 2 Nggen kula badhe winulang Mugi Paduka paring trang Kula sageda mangertos Sarta nglampahi sayektos 3 Ingkang kinarya lantaran Memulang ing pasamuwan Mugi Paduka tulungi Lantaran saking Roh Suci 4 Roh Paduka tumendaka Ing manah kalebetana Mindhaka dados utami Ing lampah saya prayogi
|
|