1 Ginanjara berkat salam Eh pra utusan setya Kang ngundhangken kabar slamet Mring pra umat parenca Saya wratakna prangira Lan brahala wah peteng Gusti kang anganthi sira Pangreksanya tan sepen 2 Tetunggul salibe Gusti Den ulukna lan tatag Nganti ing salumah bumi Suwura sihe Allah Padha dadia cihnanya Kristus yen pinaringan Para umat sadayanya Bra cinawisan slamet 3 Dhuh Gusti, mugi nglaraken Pangundhanging sih Tuwan Ngantos kang dereng midhanget Tan kantun satunggal tyang Para umat winulanga Mlampah neng padhang suci Sihe Rama kamulyakna Wonten salumah bumi 4 Boten sandhe badhe dugi Jaman mulya punika De Allah mesthi mumpuni Ing pundi pakaryannya Dhuh Rama, mugi kang asma Mulyaa ing sajagad Margi tinampen sawabnya Dharahing salib Tuwan 5 Pra abdi Tuwan kang setya Sami sinantosakna Linipura de cahyanya Berkat Tuwan kang adya Matemah kendel majunya Ing tengahnya pra umat Ginelakna jaman mulya Wradining kraton Tuwan
|
|