1 Dhuh Gusti mugi angelar Kraton Tuwan ing sajagad Pra umat samya sujuda Dhateng Tuwan kang mengkurat 2 Tyang kapir Tuwan dhawuhi Ingsun Yehuwah Pangeran Gempura brahalanira! Kang sinembah munga Tuwan 3 Mbirata saliring gunan Jimat, tumbal, japa mantra Munga rahe Putra Tuwan Kang denanggep salir bangsa 4 Umat Tuwan Banisrael Mugi enggal ingantukna Dhateng nagrinya pusaka Tobata mring Ratunira 5 Dhuh Gusti kawula Yesus Tuwan mugi nunten rawuh Israel klayan pra umat Ngluhurna Tuwan sabyantu Amin...
|
|