1 Mugi Tuwan karsa angutus Utusan kados duk kinanipun Ingkang ngemban sabdane Allah Lan ngabarken sih piwelasipun Supados tyang salumahing bumi Angsala wartos king Mahasuci 2 Mugi Tuwan ngawontenaken Abdi prawira kang sami nyebar Tetaneman mugi dadosa Ngantos dinulu abyor ing sekar Wedalipun yen panen sageda Ambingahaken sestu ing driya 3 Sabdane Allah badhe unggul Pepetenging dosa badhe kawon Mekaten ugi tyang sembrana Lan kang kawengku ing gugon tuhon Rahajeng kang pitados ing Gusti Klayan bingah asmane pinuji! 4 Kula sami sujud sumungkem Wonten ngarsanya Rama kawula Sarta kula sami nyenyuwun Mugi karaton Tuwan rawuha! Tiyang ing pundi-pundia samya Pitadosa ing Gusti kawula!
|
|