1 Dhuh Gusti pangungsen amba Kawula mugi klilana Angaub dhateng ngarsa Tuwan Pinaringana kaadilan Mugi panyuwun kawula Lan pasambating tyas amba Enggal Tuwan tilingaken Kawula kaentasaken 2 Dhuh Gusti, beteng kawula Griya pangayoman amba Parang kawula kang santosa Lan sela pikekah kawula Tuwan mugi ngirid kula Kagiringa dados menda Kawula Tuwan luwari Wit asma Tuwan kang suci 3 Tuwan pangauban amba Dumateng asta Paduka Kawula masrahaken nyawa Mugi ngreksa sukma kawula Kula kumandel mring Tuwan Kang karsa paring kadarman Tuwan tansah ngudaneni Mring kribedannya kang abdi 4 Kawula tansah kinepang Pagiris saha sumelang Kathah kang ngangkah nyawa kula Nging kula ngungsi dhateng Tuwan Kalayan unjuk kawula “Dhuh Gusti pangungsen amba Pejah, gesang, tiwas, begja Wonten ing asta Paduka” 5 Hesakehing para suci Para kekasihe Gusti Padha tresnaa marang Allah Tetep kasetyane Yehuwah Sakehing wong nganti-anti Mring pitulungane Gusti Kumandela marang Allah Sarta atimu den panggah
|
|