1 Dhuh Roh Suci mugi pareng Anedhaki tyas kula Dimen atentrem rahayu Kapenuhan ing tresna Dhuh Gusti kang setya Tuwan kang kula ndhelaken Mugi pareng nedhakaken Roh Tuwan ing tyas mami Gusti mugi nucekaken tyas mami 2 Mugi-mugi cahya Tuwan Amadhangna tyas kula Pepetenging dosa mugi binirata sadaya 3 Mugi ngirid lampah kula Manut sapangreh Tuwan Tuwan kang kula bekteni Ngantos dhugeng wekasan 4 Kula mugi sinungana Kaunggulaning yuda Dimen tentrem arahayu Nggen kula pecat nyawa Dhuh Roh Allah Suci Mugi karsaa dumunung Anggereh ing manah ulun Sinucekna sayekti Gusti mugi nucekaken tyas mami
|
|