1 Ngulukno sindhen kaunggulan Mara padha muji Allah Roh Suci manjing pasamuwan Ngedheng tedhake lan berkah Sentoring angin lidhah latu Sarta tembung manca warna Nglairken tuhune Sang Prabu Ngentunken Rohing prasetyo 2 Bangsa celak tebih nekseni Yasane Kang Mahaluhur Golongan samya ngabekteni Ing drajate Gusti Yesus Slamet mulya gesange Gusti Jayane bra tinembangna De Rohe Allah ingkang suci Sinungken neng tyase jalma 3 Dhuh Rohe Allah, manah kula Angsala pangreksa Tuwan Kinaryaa suci sampurna Santosa dalem katresnan Panglipur lan panuntun Tuwan Mengkua manah kawula Anucekna ing kalakuan Dugeng kamulyan ing swarga
|
|