1 Dhuh Rohing Allah kang Rama ‘Nggih Rohing Kristus kang Putra Ingkang angreh ing awak mami Dhuh Roh kang suci Sampeyan paguronning kanyataan Saha tukeng elmu rohani Asma Tuwan kapujia Ing Pentekosta punika 2 Mugi parenga ing karsa Nedhaki ing pasam’wanta Ambirat sagunging piawon Madhangi ing budi kula Ngresiki ing manah kula Nyantosakaken ing pitados Supados kula sembada Ing benjing angsal suwarga 3 Mugi enggala klampahan Saalam donya kebekan Tiyang nembah ing Gusti Yesus Dhuh Roh mugi pasamuwan Angsala berkah Sampeyan Mradini ing bangsa sadarum Sami nunggila pracaya Pangajeng-ajeng wah tresna
|
|