1 Swawi sami muji girang Gusti mulya minggah dampar Srirane wus ingasorken Samangkin Allah ngunggulken 2 Kang wus seda krana kula Sampun wungu klayan mulya Mangkin ginanjar kamulyan Munjuli sagung tumitah 3 Rampung salir pakaryannya Ing sakarsane kang Rama Mila pinunjul ing asma Tan wonten kang nyamenana 4 Klayan nyebut asma Yesus Badhe jengkeng salir dhengkul Kang wonten swarga lan bumi Lan ing palimengan ugi 5 Lan sagung ilat memuja Yesus Kristus Gusti nyata Drapon kamulyane Allah Rama kang langgeng sinembah 6 Swawi manuswa waradin Ndherek muja kang trus batin Yesus kang mlasi tyang dosa Yeku Pangeran ing swarga 7 Neng satengene Sang Rama Gusti pinarak angantya Kasoran sagung satrune Neng sangandhaping padhane 8 Satru antaka kang rosa Wekasan linebur uga Dening kang unggul ing krosan Nggih Gusti kang mengku gesang 9 Mula wong Kristen ja wedi Maring sangsara lan pati Gusti aneng kamulyane Tan supe mring tebusane
|
|