1 Swawi sami suka-suka Nggen kula ngenget-enget Gusti minggah maring swarga Mendah kaluhuranipun Jeng Gusti juru slamet! 2 Ya ta sinungan kamulyan Lan sagung pangawasa Wonten ing swarga kalayan Ing bumi, nggih jinulukan Ngungkuli sagung nama 3 Ngantos para malaekat Tansah sami memuji Langkung malih para umat Nggih wajib nyaosi urmat Saha sujud mring Gusti 4 Mung Yesus Kristus kang wenang Sami den akenana Gusti ing sawarnining tyang Dados lan kamulyaning Hyang Ma suci, nggih kang Rama 5 Dhuh Gusti kula Panutan Tyang Kristen pundi-pundi Asru anggunggung Sampeyan Rame-rame neng pasam’wan Tansah pinundi-pundi 6 Kang wau Gusti nahanken Sinalib, dhatan nggalih Wewirang, mila kluhurken Mangke pinarak neng tengen Ing Allah kang ma’luwih 7 Yogya dados pepandengan Ing pra umat sadaya Saha inganggep Panutan Dennya ambujeng kamulyan Ing tiyang kang pracaya 8 Sampeyan kang ngrumiyini Dados Pangirid kula Saha maringi prajanji Badhe karsa anyawisi Panggenan wonten swarga 9 Dhuh Rama, mugi Sampeyan Aparing Roh kang suci Minangka dados gantosan Nggen kula badhe kaduman Kanugrahaning Gusti
|
|