1 Pamarta kula agesang Tyas kula mila agirang Kang sinalib gesang Dennya seda krana kula Wungune dados panjernya Kula ndherek gesang Gesang, gesang Pamarta kula agesang Kula ndherek gesang Gesang, gesang Pamarta kula agesang 2 Gusti gesang lajeng minggah Dhateng tengenipun Allah Andongakken mami Sihnya angayemken manah Gesangnya nuwuhken bingah Ing tyase pra abdi 3 Gesang Gusti kang wus seda Dennya gesang krana kula Mila kula puji Saiba Dennya ngasihi Kula ngantos Den paringi Gesang langgeng ugi 4 Tyas kula yogya agirang De gadhah Pamarta gesang Kang sung gesang mring wang Gusti gesang aneng swarga Nyawisi papan mring kula Kula ndherek gesang 5 Gusti Pamarta kang gesang Nimbali marek salir tyang Kinen tobat samya Dhatan wonten gesang malih Namung dening kang sinalib Kang agesang mulya
|
|