1 Swawi pra kanca girang memuja Kristus sinalib agesang malih Pamarta mami wungu sayekti Sampun tinitik Ratuning urip Gusti Panebus prange wus unggul Pati wus kalah, antupe ical 2 Tyang Kristen samya girang muja De paukuman bebendhu laknat Wus sirna estu Gusti wus wungu Kristus nguculi rantening pati Sung gesang langgeng Mring kang ngandelken Kula tyang dosa sinungan uga 3 Salumah bumi badhe ngurmati Gusti kang seda lan wungu uga Swawi salir tyang kang karibedan Swasi ngungseni piwlase Gusti Ndherek anyangga kalingsemannya ‘Ja ajrih pejah Gusti kang menang 4 Mara mujia, eh jagad wrata Gusti Panutan Ratuning gesang Urip kang langgeng Wus linairken Mara tangia king sagung dosa Ngambaha dalan ing kautaman Gusti murugken mring gesang langgeng 5 Dhuh Yesus Gusti Allah sejati Kang mengku gesang kul’abdi Tuwan Saya ngraketa lan tinunggilna Ing pejah gesang klayan Sampeyan Drapon utami lampahing abdi Tuwan pinuja slami-laminya
|
|