1 He sagung pra pangwasa, Saosa urmat puja, Kamulyan lan panggunggung Mring Pangeran Ma’ agung Kalaha sakehing nama Sing Asmane Kang Ma’kwasa Pra ratu padha sujuda Neng ngarsane Kang Ma’mulya 2 Swaraning Allah banter Neng akasa gumleger Gluduging Allah mulya Ndalajahi segara Rosa swarane Pangeran Tumitah geter lan eram De kamulyaning swaranya Nglairken agung kwasanya 3 Swarane kang Ma’mulya Nggeteri jagad wrata Nanging umate Allah Pada sujud lan bungah Allah kang ngratoni bumi Angereh bantering banjir Karsa paring saking swarga Pangwasa marang umatnya
|
|