1 Alleluyah Gusti wungu Antaka kalah saestu De astaNya kang rosa Pinujia Sang Prawira Kang ngantukken pangapura Lan mulyakken tyang dosa Slamet Gusti sampun unggul Wus nyaur pundhat panebus Tandhasta wus tinulis SabdaNya Allah kang mirma Tinrimah kurban kang Putra Marganya sira urip 2 Alleluyah, kayu laknat Malih dadi kayu berkat Tandhanya sihe Allah Wus ngruwat sagunging dosa Ing tyang kang laku pracaya Kalawan trusing manah Alleluyah neng Golgota Mung mancur sih-pangpura Tan wonten bebendunya Dharahe Gusti nekseni Tiyang rumaket ing Gusti Samya pinundhut putra 3 Alleluyah, Gusti wungu Antaka kalah saestu Wus tan jrih kubur kula Gusti seda krana kula Wungune dados panjernya Tangi kula amulya Slamet donya dimen ical Ing akhir aneng kamulyan Kula nyameni Gusti Binabar pra putra suci Sadhereke Gusti sami Sarta lenggeng memuji
|
|