1 Gusti agesang malih Sampun ngawonaken pati Gusti wungu kula nggih Sestu sami badhe tangi Sinung gesang kang mulya Yeku panglipur kula 2 Gusti wungu jumeneng Ratu aneng kraton swargi Umatipun kang mantep Benjing ndherek angratoni Gusti ingkang prasetya Yeku panglipur kula 3 Gusti wungu, e kanca Sampun uwas-uwas malih Gusti dados Pantawis Kang gesang, karsa anggalih Ing kaapesan kula Yeku panglipur kula 4 Gusti wungu, atemeh Amikantukaken kula Kasantosan, yen kedah Angleluri lampahipun Saged kalis ing dosa Yeku panglipur kula 5 Gusti wungu supados Pikekah kawula sami Salebeting panggodha Dalasan ing baya-pati Gusti tan nilar kula Yeku panglipur kula 6 Gusti wungu, si pati Sampun ical antupira Klayan ayeming ati Badhe kula tilar donya Sowan ing Gusti kula Yeku panglipur kula
|
|