1 Daweg sami abebingah Ing dinten Paskah niki Sarta memuji mring Allah Saha malih mring Gusti Kang kasalib temahan Pinaringan kamulyan Sampun seda lajeng wungu Ginesangaken saestu 2 Gusti kula tan kasoran Dening pati tan dangu Lajeng nilar pakuburan Miyos lir pendah ratu Dhasar Gusti kang menang Dados ratuning gesang Yogya sami den sujudi Kang sarta pinundhi-pundhi 3 Kanca, sami den rumaos Pinaringan kabegjan Dene samangke pitados Maring Gusti Panutan Kang gesang, darbe kwasa Ngantos slami-laminya Saged ngirid para umat Wonten margining akerat 4 Ya ta Gusti kang njangkungi Umatipun sadaya Tan pegat amitulungi Anggen kula pracaya Sinten kang boten girang Gadhah Panutan gesang Kang pinunjul ing kamulyan Boten tanggel ginendholan? 5 Nadyan tumeka ing janji Kula boten sumelang Saestune badhe tangi malih Gusti kang gesang Inggih badhe rumeksa Mring nyawa kula samya Dene yen estu katrima Badhe kairid mring swarga 6 Daweg, kanca sami pasrah Mring Gusti pejah gesang Den anut kang trus ing manah Sageda tumut menang Kalih dosa lan pejah Hawa sami den cegah Drapon manggiha wilujeng Sarta antuk gesang langgeng
|
|